Sony Xperia M - Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™‎

background image

Nginstal aplikasi sing dudu saka Google Play™

Nginstal aplikasi saka sumber sing ora dingerteni utawa ora dipercaya bisa ngrusak

piranti. Kanthi gawan, piranti sampeyan disetel kanggo mblokir pamasangan sing kaya

mengkono. Nanging, sampeyan bisa nggenti setelan iki lan ngidini pamasangan saka

sumber sing ora dingerteni.

Sony ora menehi jaminan utawa garansi babagan kinerja aplikasi saka pihak katelu utawa isi

sing dikirim liwat undhuhan utawa antarmuka liyane menyang piranti sampeyan. Kajaba iku,

Sony ora tanggung jawab kanggo karusakan apa wae utawa sudane kinerja piranti amarga

kanggo ngirim isi pihak katelu. Mung gunakake isi saka sumber sing dipercaya. Hubungi

panyedhiya isi manawa sampeyan duwe pitakonan utawa uneg-uneg.

Ngidini panginstalan aplikasi sing dudu saka Google Play™

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tunyuk

Setelan > Keamanan.

3

Centhang kothak

Sumber ora dingerteni.

4

Tutul

OK.

33

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.