Sony Xperia M - Informasi hukum

background image

Informasi hukum

SonyC1904/C1905/

Pandhu pangguna iki diterbitake dening Sony Mobile Communications AB utawa perusahaan afiliasine, tanpa

garansi babar pisan. Pangapikan lan panggentian ing Pandhu pangguna sing dianggep perlu amarga ana

kesalahan panulisan, isi informasi sing ora akurat, utawa pangapikan program lan/utawa peralatan, bakal

ditindakake dening Sony Mobile Communications AB sawayah-wayah lan tanpa kabar. Nanging, panggentian

kasebut bakal digabung karo edisi anyar Pandhu pangguna iki.
©Sony Mobile Communications AB, 2013.
Kabeh hak dilindhungi undang-undang.
Piranti sampeyan duwe kabisan kanggo ngundhuh, nyimpen, lan nerusake isi tambahan, contone, dering.

Panggunaan isi kasebut bisa uga diwatesi utawa dilarang dening hak pihak katelu, kalebu nanging ora winates ing

watesan saka undang-undang hak cipta sing ditrapake. Sampeyan, lan dudu Sony, sing tanggung jawab total

kanggo isi tambahan sing diundhuh menyang utawa sing diterusake saka piranti sampeyan. Sadurunge

nggunakake isi tambahan, verifikasi manawa panggunaan sampeyan wis dilisensi kanthi bener utawa wis diijini.

Sony ora njamin akurasi, integritas utawa kualitas kabeh isi tambahan utawa isi saka pihak katelu. Ing kondhisi apa

wae, Sony ora tanggung jawab marang panggunaan isi tambahan utawa isi pihak katelu liyane sing ora

samesthine.
Pandhu pangguna iki bisa uga ngrujuk layanan utawa aplikasi sing diwenehake dening pihak katelu. Panggunaan

program utawa layanan kasebut perlu registrasi dhewe karo panyadhiya pihak katelu lan bisa uga tundhuk karo

katemtuan panggunaan tambahan. Kanggo aplikasi sing diakses ing utawa liwat situs web pihak katelu, waca

dhisik sarat panggunaan lan kabijakan privasi sing ditrapake situs web kasebut. Sony ora njamin utawa menehi

garansi babagan kasedhiyan utawa kinerja situs web utawa layanan apa wae sing ditawakake pihak katelu.
Copot baterei kanggo ndeleng informasi peraturan kayata tandha CE.
Kabeh jeneng produk lan jeneng perusahaan sing disebutake ing kene minangka merek dagang utawa merek

kadhaptar pamilik. Hak liyane sing ora disebutake ing kene tetep kajaga. Kabeh merek dagang liyane minangka

properti saka pamilike dhewe-dhewe.
Bukak

www.sonymobile.com kanggo informasi liyane.

Kabeh ilustrasi mung ditujokake kanggo ilustrasi lan ora kanthi nyata nggambarake piranti.
Produk iki kajaga dening hak properti intelektual tartamtu saka Microsoft. Panggunaan utawa panyebaran teknologi

kasebut ing sanjabane produk iki dilarang tanpa lisensi saka Microsoft.
Pamilik isi nggunakake teknologi manajemen hak digital Windows Media (WMDRM) kanggo njaga properti

intelektuale, kalebu hak cipta. Piranti iki nggunakake piranti lunak WMDRM kanggo ngakses isi sing kajaga

WMDRM. Yen piranti lunak WMDRM gagal njaga isi, pamilik isi bisa njaluk Microsoft njabut kemampuan piranti

lunak kanggo nggunakake WMDRM kanggo muter utawa nyalin isi sing dijaga. Pambatalan ora mengaruhi isi sing

ora kajaga. Yen sampeyan ngundhuh lisensi kanggo isi sing dilindhungi, tegese sampeyan setuju manawa

Microsoft bisa ngemot dhaptar panjabutan sing nganggo lisensi kasebut. Pamilik isi bisa njaluk sampeyan

ningkatake WMDRM kanggo ngakses isine dheweke. Yen nolak ningkatake, sampeyan ora bisa ngakses isi sing

mbutuhake paningkatan.
Produk iki dilisensi karo MPEG-4 visual lan lisensi portofolio paten AVC kanggo panggunaan pribadi lan non-

komersial kanggo (i) enkoding video sing selaras karo standar MPEG-4 visual ("MPEG-4 video") utawa standar AVC

("AVC video") lan/utawa (ii) dekoding video MPEG- 4 utawa AVC sing dienkode dening konsumen sing melu

kegiatan pribadi lan non-komersial lan/utawa dipikolehi saka panyedhiya video sing dilisensi dening MPEG LA

kanggo nyedhiyani video MPEG-4 lan/utawa AVC. Ora ana lisensi sing diwenehake utawa disetujoni kanggo

panggunaan liyane. Informasi tambahan kalebu babagan panggunaan promosi, internal lan komersial lan lisensi

bisa dipikolehi saka MPEG LA, L.L.C. Bukak http://www.mpegla.com. Teknologi dekoding audio MPEG Layer-3

dilisensi saka Fraunhofer IIS lan Thomson.

120

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.