Sony Xperia M - Nggunakake kamera video

background image

Nggunakake kamera video

Ngrekam video kanthi nggunakake tombol kamera

1

Uripake kamera.

2

Kanggo wiwit ngrekam video, penet tombol kamera.

3

Kanggo ngendhegake ngrekam, penet tombol kamera maneh.

Jupuk video ing orientasi mujur nengen supaya kasile paling apik.

Ngrekam video kanthi nutul layar

1

Uripake kamera.

2

Arahake kamera menyang subyek.

3

Tutul kanggo wiwit ngrekam.

4

Tutul kanggo ngendhegake ngrekam.

Jupuk video ing orientasi mujur nengen supaya kasile paling apik.

Muter video sing direkam

1

Uripake kamera.

2

Tutul gambar cilik ing sisih ndhuwur layar.

3

Gulung cepet ngiwa utawa nengen kanggo njlajah kabeh file potret lan video.

Video dituduhake dening .

4

Tutul kanggo muter video.

5

Kanggo ngendhegake muter video, tutul utawa .

Mbusak video sing direkam

1

Jlajah video sing arep dibusak.

2

Tutul area kosong ing layar supaya katon.

3

Tutul .

4

Tutul

Busak kanggo konfirmasi.

69

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nggunakake setelan kamera video

Nyetel setelan kamera video

1

Uripake kamera.

2

Tutul salah sijine lambang setelan ing layar.

3

Kanggo nuduhake kabeh setelan, tutul .

4

Pilih setelan sing arep diatur, banjur genti saksenenge.

Ngatur dhewe panel setelan kamera video

1

Nalika kamera video mbukak, tutul kanggo nampilake kabeh setelan.

2

Tutul terus setelan sing arep dipindhah, banjur seret menyang posisi sing

dipengini.

Yen sampeyan nyeret setelan ing njabane panel setelan, panggentian wurung.

Ringkesan setelan kamera video

Kamera video

Pilih kamera video yen sampeyan pengin ngrekam video.

Video ngarep

Pilih video ngarep yen sampeyan pengin ngrekam video potret dhiri.

Pemandangan

Fitur Pemandangan mbantu nyiyapake kamera kanthi cepet kanggo situasi umum

nggunakake pemandangan sing wis diprogram. Kamera nemtokake sawetara setelan

sing bisa dicocogake miturut pemandangan sing dipilih, kanggo njupuk video sing paling

apik.

Off

Fitur Pemandangan mati lan sampeyan bisa njupuk video kanthi manual.

Potret alus

Gunakake kanggo ngrekam video sing latar mburine alus.

Bawana

Gunakake kanggo video mujur nengen. Kamera fokus ing obyek sing adoh.

Wengi

Yen diuripake, sensitivitas cahya bakal tambah. Gunakake ing lingkungan sing kurang cahya. Video

kanthi obyek sing obah cepet bisa uga burem. Jaga supaya tangan anteng, utawa gunakake

panyangga. Pateni mode peteng yen kondisi cahya apik, kanggo nambah kualitas video.

Pantai lan salju

Gunakake ing lingkungan sing padhang supaya video ora peteng.

Olahraga

Gunakake kanggo video sing obyeke obah cepet. Wektu cahya sing cepet minimalake burem amarga

obah.

Pesta

Gunakake kanggo video ing njero ruangan ing lingkungan sing surem. Pemandangan iki njupuk cahya

latar mburi njero ruangan utawa cahya lilin. Video kanthi obyek sing obah cepet bisa uga burem. Jaga

supaya tangan anteng, utawa gunakake panyangga.

Resolusi video

Setel resolusi video kanggo format sing beda.

1280×720(16:9)

Format HD (High Definition) kanthi rasio aspek 16:9. 1280×720 piksel.

640×480(4:3)

Format VGA kanthi aspek rasio 4:3. 640x480 piksel.

320×240(4:3)

Format Quarter VGA kanthi aspek rasio 4:3. 320x240 piksel.

70

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

176×144(11:9)

Rekam video sing cocog kanggo dikirim ing pesen multimedia. Wektu ngrekam kanggo format video iki

diwatesi supaya pas kanggo pesen multimedia.

Lampu foto

Gunakake lampu kanggo ngrekam video nalika kondisi cahya surem utawa yen ana

cahya saka mburi.

On

Off

Kadhangkala, kualitas video bisa luwih apik tanpa lampu, sanajan kondisi cahya surem.

Atur wektu potret

Kanthi atur wektu potret sampeyan bisa ngrekam video tanpa nyekeli piranti. Gunakake

iki kanggo ngrekam video gugus supaya kabeh wong bisa direkam ing video. Sampeyan

uga bisa nggunakake atur wektu potret supaya kamera ora goyang nalika ngrekam

video.

Aktif (10 detik)

Setel wektu tundha 10 detik saka nalika sampeyan nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Aktif (2 detik)

Setel wektu tundha 2 detik saka nalika sampeyan nutul layar kamera nganti video wiwit direkam.

Off

Video wiwit direkam sanalika sampeyan nutul layar kamera.

Bukak cepet

Gunakake setelan bukak Cepet kanggo nggiyatake kamera saka layar sing kemunci. Yen

piranti ing mode ngaso kamera, penet tombol kamera.

Bukak lan jupuk

Kanthi menet terus tombol kamera mudhun, potret kapisan dijupuk sanalika sawise kamera kagiyatake

saka mode ngaso.

Mung bukak (kamera anteng)

Kanthi menet terus tombol kamera potret mudhun, kamera potret kagiyatake saka mode ngaso.

Bukak lan rekam video

Kanthi menet terus tombol kamera mudhun, video kapisan direkam sanalika sawise kamera video

kagiyatake saka mode ngaso.

Mung bukak (kamera video)

Kanthi menet tombol kamera mudhun, kamera video kagiyatake saka mode ngaso.

Off

Mode Fokus

Setelan fokus ngontrol bagean video endi sing kontrase kudu cetha. Nalika fokus

otomatis terus urip, kamera tansah nyetel fokus supaya wilayah ing pigura fokus putih

tetep kontras.

Autofokus singgel

Kamera kanthi otomatis fokus ing subyek sing dipilih. Fokus otomatis terus-terusan urip.

Deteksi praupan

Kamera kanthi otomatis ndeteksi nganti limang pasuryan, sing dituduhake dening pigura ing layar.

Kamera kanthi otomatis fokus ing subyek sing paling cedhak. Sampeyan uga bisa milih pasuryan sing

endi kanggo njupuk fokus kanthi nutul pasuryan kasebut ing layar. Nalika nutul layar kamera, pigura ijo

nuduhake pasuryan endi sing dipilih dadi fokus. Deteksi pasuryan ora bisa digunakake kanggo kabeh

jinis sesawangan. Fokus otomatis terus-terusan urip.

71

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nilai cahya

Setelan iki ngidini sampeyan nemtokake jumlah cahya ing gambar sing dijupuk. Angka sing luwih dhuwur

nuduhake cahya sing tambah akeh.

Imbang putih

Setelan imbang putih nyetel imbangan werna miturut kondisi cahya.

Otomatis

Nyetel imbangan werna kanthi otomatis miturut kondisi cahya.

Inkandesen

Nyetel imbangan werna kanggo kondisi cahya anget, kayata ing ngisor lampu bolam.

Fluoresensi

Nyetel imbangan werna kanggo cahya lampu neon.

Awan Padhang

Nyetel imbangan werna kanggo panggunaan kondisi njaba ruangan kanthi cahya srengenge.

Mendhung

Nyetel imbangan werna kanggo langit mendhung.

Pangukuran

Fungsi iki kanthi otomatis nemtokake cahya sing imbang kanthi ngukur jumlah cahya

kanggo gambar sing pengin dijupuk.

Pusat

Setel cahya menyang tengah gambar.

Rata-rata

Etung cahya adhedhasar jumlah cahya kanggo kabeh gambar.

Spot

Setel cahya ing bagean cilik saka gambar sing pengin dijupuk.

Stabiliser gambar

Nalika ngrekam video, bisa angel nyekeli piranti kanthi anteng. Stabiliser nulung

sampeyan kanthi ngimbangi obahe tangan sampeyan.

Menehi tandha panggonan

Menehi label menyang video nganggo katrangan rinci ing ngendi video dijupuk.

On

Yen tandha panggonan diuripake, panggonan geografis kira-kira ditambahake menyang video nalika

dijupuk. Kanggo nggunakake tandha panggonan, sampeyan uga kudu mbisakake fitur panggonan ing

menu

Setelan. Yen arep nambahake tandha panggonan menyang video, panggonan kudu ditemtokake

dhisik sadurunge sampeyan njupuk video. Panggonan sampeyan ditemtokake nalika katon ing layar
kamera. Nalika piranti nlusur posisi sampeyan, katon.

Off

Nalika tandha panggonan dipateni, sampeyan ora bisa ndeleng lokasi ing ngendi sampeyan njupuk

video.

Mikropon

Pilih manawa arep ngrekam swara lingkungan nalika ngrekam video.

Jupuk demek

Ngenali area fokus tartamtu kanthi nutul layar kamera nganggo driji. Potret dijupuk

sanalika yen sampeyan ngangkat driji. Setelan iki mung kasadhiya yen mode fokus

disetel dadi fokus demek.

72

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

On

Off

Swara kamera

Pilih arep nguripakake utawa mateni swara nalika ngrekam video.

Panyimpenan data

Sampeyan bisa milih arep nyimpen data ing kertu SD sing bisa dipindhah-pindhah utawa

menyang panyimpenan internal piranti.

Panyimpenan internal

Potret utawa video sing disimpen ing memori piranti.

Kertu SD

Potret utawa video sing disimpen ing kertu SD.

73

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.