Sony Xperia M - Nyambung menyang jaringan nirkabel

background image

Nyambung menyang jaringan nirkabel

Sampeyan bisa ngakses internet kanthi nirkabel saka piranti kanthi nggunakake teknologi

Wi-Fi®. Kanthi mengkono sampeyan bisa njlajah web lan enggo bareng file media kanthi

nggunakake jaringan Wi-Fi® sing padha nganggo piranti DLNA Certified™, contone TV

lan komputer.
Yen perusahaan utawa organisasi sampeyan duwe jaringan pribadi virtual (VPN),

sampeyan bisa nyambung menyang jaringan iki nggunakake piranti. Sampeyan bisa

nggunakake VPN kanggo ngakses intranet lan layanan internal liyane ing perusahaan

sampeyan.

Sadurunge nggunakake Wi-Fi®

Supaya bisa njlajah internet nganggo sambungan Wi-Fi®, sampeyan perlu nlusur lan

nyambung menyang jaringan Wi-Fi® sing kasedhiya, banjur bukak jlajah internet.

Kekuwatan sinyal jaringan Wi-Fi® bisa beda-beda, gumantung lokasi piranti. Pindhah

nyedhaki jalur akses Wi-Fi® kanggo nambah kekuwatan sinyal.

Nguripake Wi-Fi®

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan.

3

Seret tandha geser ing jejere

Wi-Fi nengen kanggo nguripake fungsi Wi-Fi®.

Iki perlu sawetara detik sadurunge Wi-Fi® bisa aktif.

Nyambung menyang jaringan Wi-Fi®

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan.

3

Pesthekake yen fungsi Wi-Fi® wis diaktifake. Tutul

Wi-Fi.

4

Jaringan Wi-Fi® sing kasadhiya ditampilake. Jaringan sing kasedhiya bisa uga

mbukak utawa ora aman. Jaringan sing mbukak dituduhake dening lan jaringan

aman dituduhake dening ing jejere jeneng jaringan Wi-Fi®.

5

Tutul jaringan Wi-Fi® kanggo nyambungake mrono. Yen nyoba nyambung

menyang jaringan aman, sampeyan bakal dijaluk tik sandhi. katon ing garis

status yen sampeyan wis sambung.

Piranti sampeyan eling jaringan Wi-Fi® sing wis nate kasambung. Liya wektu yen sampeyan

ing jangkoan jaringan Wi-Fi® sing wis nate kasambung, piranti kanthi otomatis bakal

kasambung mrono.

Ing sawetara lokasi, jaringan Wi-Fi® sing mbukak bakal njaluk sampeyan mlebu ing kaca web

sadurunge sampeyan bisa entuk dalan menyang jaringan. Hubungi administrator jaringan Wi-

Fi® sing cocog kanggo katrangan liyane.

Nyambung menyang jaringan Wi-Fi® liya

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul

Setelan > Wi-Fi. Ditampilake jaringan Wi-Fi® sing

kadeteksi.

3

Tutul jaringan Wi-Fi® liyane kanggo nyambungake.

Mindai jaringan Wi-Fi® kanthi manual

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Penet , banjur tutul

Pindai.

4

Kanggo nyambung menyang jaringan Wi-Fi®, tutul jeneng jaringane.

89

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nambahake jaringan Wi-Fi® kanthi manual

1

Pesthekake yen Wi-Fi® wis diuripake.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

4

Tutul

.

5

Tik

SSID Jaringan kanggo jaringan.

6

Tutul kolom

Keamanan kanggo milih jinis keamanan.

7

Yen dijaluk, tik sandhi.

8

Tutul

Simpen.

Wi-Fi® jeneng jaringan dituduhake minangka SSID, ESSID, Access Point, lsp. Hubungi

jaringan operator Wi-Fi® kanggo entuk jeneng Network SSID lan sandhi.

Setelan Wi-Fi® lanjut

Status jaringan Wi-Fi®

Yen sampeyan kasambung menyang jaringan Wi-Fi® utawa yen jaringan Wi-Fi®

kasedhiya sacedhake lingkungan sampeyan, sampeyan bisa ndeleng status jaringan Wi-

Fi® kasebut. Sampeyan uga bisa ngatur supaya piranti ngabari manawa ana jaringan Wi-

Fi® bukaan kadeteksi.

Ngaktifake kabar jaringan Wi-Fi®

1

Aktifake Wi-Fi®, yen durung aktif.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Temokake banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

4

Penet .

5

Tutul

Canggih.

6

Centhang kothak

Kabar jaringan.

Ndeleng rincian informasi babagan jaringan Wi-Fi® sing sinambung

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Tutul jaringan Wi-Fi® sing saiki disambungake. Rincian informasi jaringan bakal

ditampilake.

Kabijakan ora aktif Wi-Fi®

Kanthi nambahake kabijakan ora aktif Wi-Fi®, sampeyan bisa nemtokake kapan arep

ngoper saka Wi-Fi® menyang data seluler.

Yen sampeyan ora kasambung menyang jaringan Wi-Fi®, piranti nggunakake sambungan data

seluler kanggo ngakses internet (yen sampeyan wis ngatur wiwitan lan mbisakake sambungan

data seluler ing piranti).

Nambah kabijakan turu Wi-Fi®

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

3

Penet .

4

Tutul

Lanjut.

5

Tutul

Wi-Fi tetep aktif sajrone turu.

6

Pilih salah siji.

Wi-Fi Direct™

Gunakake Wi-Fi Direct™ kanggo langsung nyambung menyang piranti liyane, tanpa

nggabungake layar ngarep, kantor utawa jaringan hotspot. Contone, sampeyan bisa

nyambungake piranti langsung menyang komputer supaya bisa ngakses isi saka piranti

ing komputer. Piranti sing digunakake enggo bareng isi kudu duwe sertifikat Wi-Fi

Direct™.

90

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Nguripake Wi-Fi Direct™

1

Pesthekake fungsi piranti Wi-Fi®diuripake.

2

Saka Layar Ngarep, tutul .

3

Golek banjur tutul

Setelan > Wi-Fi.

4

Tutul >

Wi-Fi Direct.

Jaringan pribadi virtual (VPN)

Gunakake piranti kanggo nyambung menyang jaringan pribadi virtual (VPN), sing ngidini

sampeyan ngakses sumber daya ing sanjerone jaringan lokal aman saka njaban jaringan

aktual. Contone, sambungan VPN umume digunakake dening perusahaan lan institusi

pendidikan kanggo pangguna sing perlu ngakses intranet lan layanan internal liyane yen

pangguna lagi ana njaban jaringan internal, umpamane, nalika lagi lelungan.
Sambungan VPN bisa diatur wiwitan nganggo cara akeh, gumantung saka jaringan.

Sawetara jaringan bisa uga njaluk sampeyan ngirim lan nginstal sertifikat keamanan ing

piranti. Kanggo informasi sing luwih rinci babagan carane atur wiwitan sambungan

menyang jaringan pribadhi virtual, hubungi administrator jaringan perusahaan utawa

organisasi sampeyan.

Nambah jaringan pribadi virtual

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek lan tutul

Setelan > Liyane... > VPN.

3

Tutul

Tambah profil VPN.

4

Pilih jinis VPN sing arep ditambahake.

5

Ketik setelan VPN sampeyan.

6

Tutul

Simpen.

Nyambung menyang jaringan pribadi virtual

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tutul

Setelan > Liyane... > VPN.

3

Ing dhaptar jaringan sing kasedhiya, tutul VPN sing pengin disambungake.

4

Ketik informasi sing dijaluk.

5

Tutul

Sambungake.

Medhot sambungan saka jaringan pribadi virtual

1

Seret mudhun baris status.

2

Tunyuk kabar sambungan VPN kanggo mateni.