Sony Xperia M - Ngirim kontak nggunakake komputer

background image

Ngirim kontak nggunakake komputer

Xperia™ Transfer yaiku aplikasi sing nulung nglumpukake kontak saka piranti lawas lan

ngirimake menyang piranti anyar. Xperia™ Transfer, sing bisa diakses saka piranti lunak

Xperia™ Companion, ndhukung piranti seluler sing lumaku ing iOS/iCloud lan Android™.

Yen ngoper saka piranti iOS, fitur App Matching nyaranake padanan Android karo

aplikasi iOS.
Kanggo nggunakake Xperia™ Transfer, diperlokake:

Komputer sing nyambung Internet.

Piranti Android™ anyar.

Kabel USB kanggo piranti Android™ anyar.

Piranti lawas.

Kabel USB kanggo piranti lawas.

Sampeyan bisa uga ora butuh piranti lawas. Kanggo piranti iOS, sampeyan bisa nyambung

langsung menyang iCloud utawa nggunakake serep lokal. Kanggo piranti Sony sing

sadurunge diduweni, sampeyan bisa nggunakake serep lokal.

Kirim kontak menyang piranti anyar

1

Golek lan undhuh Xperia™ Companion kanggo Windows ing

http://support.sonymobile.com/tools/xperia-companion utawa Xperia™

Companion kanggo Mac ing

http://support.sonymobile.com/tools/xperia-companion-mac yen piranti lunak

durung diinstal.

2

Nganggo kabel USB, sambungake piranti nyang komputer.

3

Sawise bisa nginstal, bukak piranti lunak Xperia™ Companion, yen ora otomatis

diluncurake, banjur klik

Xperia™ Transfer

lan tututi patunjuk sing cocog kanggo

kirim kontak.