Sony Xperia M - Setelan jaringan seluler

background image

Setelan jaringan seluler

Piranti kanthi otomatis ngoper saka antarane jaringan seluler gumantung ing jaringan

seluler apa sing kasadhiya ing wilayah kasebut. Sampeyan uga bisa kanthi manual nyetel

piranti kanggo nggunakake tipe jaringan seluler tartamtu, contone, WCDMA utawa GSM.

Milih tipe jaringan

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Temokake banjur tunyuk

Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3

Tunyuk

Mode Jaringan.

4

Pilih tipe jaringan.

Milih jaringan liya kanthi manual

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Liyane... > Jaringan mobile > Operator jaringan.

3

Tutul

Mode tlusuran > Manual.

4

Pilih jaringan.

Yen sampeyan milih jaringan kanthi manual, piranti ora bakal nggoleki jaringan liya, sanajan

sampeyan pindhah menyang sanjabane jangkoan jaringan sing dipilih kanthi manual.

Nguripake pilihan jaringan otomatis

1

Seret mudhun garis status, banjur tutul .

2

Golek lan tutul

Liyane... > Jaringan mobile > Operator jaringan.

3

Tutul

Mode tlusuran > Otomatis.

Mateni kiriman data

Sampeyan bisa mateni kabeh sambungan data nganggo jaringan seluler supaya ora ana

undhuhan data lan sinkronisasi sing ora dipengini. Hubungi operator jaringan yen

mbutuhake informasi rinci babagan rencana langganan lan prabeya kiriman data.

Nalika kiriman data dipateni, sampeyan isih bisa nggunakake sambungan Wi-Fi® lan

Bluetooth™. Sampeyan uga bisa ngirim lan nampa pesen multimedia.

Mateni kabeh lalu lintas data

1

Saka Layar Ngarep, tunyuk .

2

Temokake banjur tunyuk

Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3

Busak centhang ing kothak

Lalu lintas data seluler.

Roaming data

Sawetara jaringan operator ngidini sambungan data jaringan seluler liwat jaringan seluler

nalika sampeyan lagi ana njaban jaringan asal (roaming). Elinga, iki bisa dikenani prabeya

pindhah data. Hubungi operator jaringan kanggo informasi sing luwih lengkap.

Aplikasi bisa uga nggunakake sambungan internet ing jaringan asal tanpa ngabari, contone,

nalika ngirim panjalukan tlusur lan panjalukan sinkronisasi. Prabeya tambahan bisa dikenani

yen sambungan internet sing kaya mengkono kuwi wis ditemtokake nalika sampeyan lagi

roaming. Hubungi operator jaringan kanggo informasi sing luwih lengkap.

Nguripake roaming data

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Golek banjur tutul

Setelan > Liyane... > Jaringan mobile.

3

Wenehi tandha ing kothak

Roaming data.

Sampeyan ora bisa nguripake roaming data yen koneksi data ora diuripake.

31

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.