Sony Xperia M - Ringkesan setelan

background image

Ringkesan setelan

Mangerteni setelan ing piranti supaya sampeyan bisa nggawe setelan pribadi sing cocog

karo kepinginan.

Wi-Fi

Uripake utawa pateni-Wi-Fi®, waca cepet jaringan Wi-Fi® sing

kasadhiya, utawa tambah jaringan Wi-Fi®.

Bluetooth

Uripake utawa pateni Bluetooth™, tlusur piranti Bluetooth™ sing

kasadhiya, banjur setel piranti supaya bisa dideleng utawa ora bisa

dideleng dening piranti Bluetooth™ liyane.

Panggunaan data Uripake utawa pateni kiriman data seluler, lan tetep nglacak trek

rincian panggunaan data ing wektu tartamtu.

Liyane...

Uripake utawa pateni mode Pesawat, atur setelan kanggo jaringan

VPN lan jaringan seluler, lan setel piranti supaya bisa enggo bareng

sambungan data seluler minangka hotspot Wi-Fi® portabel, utawa

liwat sambung jaringan USB utawa sambung jaringan Bluetooth™.

Sampeyan uga bisa nguripake utawa gawe fungsi NFC ora bisa

aktif.

Setelan telpon

Atur lan konfigurasi setelan kanggo nomer telpon tetep, surat

swara lan telpon internet.

Swara

Atur carane piranti ngebel, kedher, utawa menehi tandha nalika

sampeyan nampa komunikasi. Sampeyan uga bisa nggunakake

setelan iki kanggo nyetel level volume musik, video, game utawa

media liyane sing nganggo audio, lan sawetara setelan sing

gegandhengan.

Tampilan

Uripake layar supaya bisa ngoper orientasi nalika sampeyan muter

piranti. Sampeyan uga bisa nyetel padhang, ukuran huruf,

wallpaper lan wektu entek ing layar.

Panyimpenan

Priksa papan sing kasadhiya ing panyimpenan internal lan ing kertu

SD. Sampeyan uga bisa mbusak kertu SD, utawa nguwalake

supaya nyopote aman.

Manajemen daya Uripake utawa pateni mode STAMINA. Sampeyan uga bisa

ndeleng status baterei lan mriksa sepira bedane aplikasi-aplikasi

nganggo daya baterei.

Aplikasi

Atur aplikasi sing aktif, aplikasi sing diundhuh lan aplikasi-aplikasi

ing kertu SD.

Xperia™

Akses rerangken setelan sing dikhususake kanggo piranti Xperia

sampeyan, contone, setelan mode sambungan USB, internet, layar

kaca, lan Throw.

Layanan lokasi

Bisakake utawa ora bisakake akses menyang informasi

panggonan.

Keamanan

Jaga piranti sampeyan kanthi mbedakake kunci lan sandhi nalika

ngatur wiwitan. Sampeyan uga bisa ngidini pamasangan aplikasi

sing ora saka Google Play™.

Basa & input

Pilih basa piranti, setel pilihan input teks, lan atur setelan wicara.

Gawe serep &

pamulihan

Gawe serep data lan pulihake piranti.

116

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Panuntun

persiyapan

Golek pitulungan kanggo nyetel piranti.

Tambah akun

Tambahake akun ing piranti, contone, akun email, utawa akun

Google™.

Tanggal & wektu Setel wektu lan tanggal, utawa pilih nilai jaringan sing

disadhiyakake. Pilih format tanggal lan jam sing disenengi.

Aksesibilitas

Bisakake layanan aksesibilitas sing wis diinstal lan setel setelan

sing gegandhengan.

Pilihan

pangembang

Setel pilihan kanggo pangembangan aplikasi. Contone, sampeyan

bisa nampilake panggunaan CPU ing layar Ngarep utawa nyetel

piranti kanggo mlebu mode debug nalika sambungan USB aktif.

Babagan telpon

Ndeleng informasi babagan piranti, kayata nomer model lan

kekuwatan sinyal. Sampeyan uga bisa nganyarake versi piranti

lunak dadi sing paling anyar.