Sony Xperia M - Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan

background image

Nyelarasake email, tanggalan lan kontak perusahaan

Ngakses pesen email, janjian tanggalan lan kontak perusahaan langsung saka piranti.

Ndeleng lan ngatur kabeh mau kanthi gampang kaya nalika nganggo komputer. Sawise

atur wiwitan, sampeyan bisa golek informasi ing aplikasi

Email, Tanggalan lan Kontak.

Supaya sampeyan bisa ngakses fungsi kasebut ing ndhuwur, informasi perusahaan mau kudu

disimpen ing server Microsoft® Exchange.

Ngatur wiwitan email, tanggalan lan kontak perusahaan

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Tutul

Setelan > Tambah akun > Korporat.

3

Tik alamat email lan sandhi perusahaan.

4

Tutul

Sabanjure. Piranti wiwit njupuk maneh informasi akun sampeyan. Yen gagal,

hubungi administrator jaringan perusahaan kanggo informasi liyane.

5

Tutul

OK kanggo ngidini server perusahaan ngontrol piranti sampeyan.

6

Milih data sing arep diselarasake karo piranti, kayata kontak lan entri tanggalan.

7

Yen dikarepake, uripake administrator piranti kanggo ngidini server perusahaan

ngontrol fitur keamanan tartamtu ing piranti sampeyan. Contone, sampeyan bisa

ngidini server perusahaan nyetel aturan sandhi lan nyetel enkripsi panyimpenan.

8

Sawise atur wiwitan rampung, tik jeneng kanggo akun perusahaan.

102

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.

background image

Ngowahi atur wiwitan email, tanggalan lan kontak perusahaan

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Tutul

Email, banjur tutul .

3

Tutul

Setelan banjur pilih akun data perusahaan.

4

Genti setelan sing dipengini.

Nyetel interval sinkronisasi kanggo akun perusahaan

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Tutul

Email, banjur tutul .

3

Tutul

Setelan banjur pilih akun data perusahaan.

4

Tutul

Frekuensi mriksa kothak mlebu banjur pilih pilihan interval.

Mbusak akun perusahaan

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Tutul

Setelan > Korporat, banjur pilih akun perusahaan.

3

Tutul , banjur tutul

Busak akun.

4

Tutul

Busak akun maneh kanggo konfirmasi.