Sony Xperia M - Nyinkronake karo Facebook™‎

background image

Nyinkronake karo Facebook™

Ana rong cara kanggo nggunakake Facebook™ ing piranti. Sampeyan bisa nggunakake

aplikasi Facebook standar kanggo ngakses akun Facebook sing lagi online, utawa bisa

nyinkronake akun Facebook nganggo piranti lan enggo bareng isi antarane Faceboook™

karo sawetara aplikasi liyane. Contone, sampeyan bisa enggo bareng musik ing aplikasi

"WALKMAN" ing piranti liwat Facebook. Kanggo nyinkronake piranti karo Facebook,

sampeyan pisanan kudu ngatur wiwitan akun "Xperia™ karo akun Facebook" — solusi

sing dikembangake dening Sony supaya bisa gampang nindakake integrasi.

Ngatur wiwitan akun "Xperia™ nganggo Facebook" ing piranti

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Tutul

Setelan > Tambah akun > Xperia™ karo Facebook.

3

Turuti instruksi ing layar kanggo mlebu menyang akun Facebook™ sampeyan,

utawa gawe akun anyar.

Nyelarasake akun "Xperia™ nganggo Facebook" kanthi manual

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Tutul

Setelan > Xperia™ karo Facebook.

3

Pilih akun sing arep diselarasake.

4

Penet , banjur tutul

Selarasake saiki.

Mbusak akun "Xperia™ nganggo Facebook"

Yen mbusak akun "Xperia™ nganggo Facebook" saka piranti, akun Facebook online sing

kagayut kasebut ora bakal ilang lan sampeyan isih bisa ngakses saka komputer.

1

Saka Layar Ngarep, tutul .

2

Tutul

Setelan > Xperia™ karo Facebook.

3

Pilih akun sing arep dibusak.

4

Penet , banjur tutul

Busak akun.

5

Tutul

Busak akun maneh kanggo konfirmasi.

103

Iki penerbitan versi Internet. © Dicetak khusus kanggo keperluan pribadi.